Laman

Rabu, 23 Februari 2011

crita setitik, pa kuwu wong linuih


Al-qur'an lan atine menungsa

Ning sijineng dina, adam takon karo bapane (pa kuwu), “ abah. kok, qur'an kudu diwaca ?, nyong heran, bah, padahal kan nyong ora ngerti artine ayat – ayat Qur'an, terus manfaate apa, ya?. Pa kuwu sebagai bapane adam, mesem kalem, ning jero atine seneng, anake enyong wis pinter lan kritis kaya bapane mbiyen lagi masih piyik.(critane ngalem dewek).
“ tong, abahe njaluk tulung, olih pa ora? Tulung jukutna kranjang cilik ning gudang mburi, ya!”. Adam bingunge ora eram, ning jero ati adam ngedumel,” bisane, abah ka, nyong takon soal Qur'an, malah dikongkon njukut kranjang cilik”, tapi sebagai anak sing mbakti ning wong tua, adam langsung ngerjakna apa sing dikongkon ding abahe.
“ Abah, kyeh kranjange, arep kanggo apa sih, bah? Kranjang wis buluk akeh awune, ngebul, kotor kaya kiye, ka”, adam ngomong karo rada sewot. Pa kuwu sebagai wong sing linuwih, arif bijaksana wis ngerti sifat anake.”Tong, kranjang kiye, kanggo ngangsu banyu, ning sumur, terus njaluk tulung diisi, ya, kolahe ben kebek”.
Adam tambah bingung,” abah, pribe sih!, masa kranjang arang-arang, kanggo ngangsu.” adam godeg-godeg ndase,” ana-ana bae kiye abahe nyong”.
“ ya wis dicoba bae,” jare pa kuwune.
Adam nurut bae, terus adam mlayu ning buri, ning sumur, kebeneran sumure cetek banyune soale lagi mangsa rendeng, tapi yong arane kranjang, ya angel yah, kanggo njukut banyu.

“kaya kiye ta nyong bati, mopo tok”. Adam mulai ngosog.
“Adam, wis kebek durung kolahe, abah pan adus kyeh,” pa kuwu gowokan.
“Abah, boro-boro kebek kolahe, kebeke ding kringete nyong, ya iya,” Adam nimpali.
Pa kuwu pesam- pesem, ngrokna omongane anake.
“ Tong, mene gyeh, abah pan ngomong, njaluk dirongokna ya,” pa kuwu sedakep tangane ( ben rada berwibawa kedelenge).
“kaya kiye, tong, mau koen takon karo abahe, kenang apa harus maca Qur'an, walopun ora ngerti artine, pada bae kaya kranjang kiye, coba setong kan, wis ndeleng kranjang sing gudang iki, maune kranjang iki buluk , akeh awune, kotor, ora pantes didelenge, saiki coba di deleng maning, kranjang iki, walopun kolahe ora kebek, tapi kranjange dadi bersih, apik maning,... ya pa ora? Ari wis apik maning ta, kanggo ndalah apa bae gen bisa, kanggo wadah beras ya bisa, kanggo wadah buah-buahan ya bisa, ya kan?” Adam mlongo bae ngrokna pitutur abahe.” pada bae, kaya Qur'an, sipate kaya banyu sumur, bisa mbresihna sing jero, terutama jero ati, kranjang kue ibarate kaya atine menungsa, lamon wis bresih bisa kanggo ndokon apa bae, terutama ndokon ilmu agama, koen kan mau ora ngerti, kanggo apa kranjang kok, go ngangsu, nah saiki wis paham ora tong?,” pa kuwu mungkasi pidatone ning anake. Adam manggut-manggut, mungkin tandane ngarti omongane abahe. “Oo dadi kaya kue, abahe nyong ternyata pinter, ya”. Dialem ding anake, pa kuwu cungure plembang – plembung. Muga -muga crita kiye ana manfaate ya... sedulur kabeh....amiiin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar